Aku iki asline
dilairke ning tanah jowo, sabendino nganggo boso jowo, anake wong jowo. Mulo
kuwi, ning postingan iki aku arep mraktekke kepiye nulis nganggo boso jowo.
Sakjane aku ora
ngerti tenan, koyo opo sih boso jowo sing apik kuwi. Soale jowo dewe kan ombo.
Ono pirang-pirang dialek lan logat. Nanging, sing paling tak kuasai yo jowone
Pacitan kecampur Solo sithik. Dadi menowo tulisanku ~ istilahe ora konsisten ~
karo boso jowo logat ngendi ngono yo ojo gelo. Lan menowo mengko panjenengan
nemoni boso aneh sing ora cetho, yo maklumi wae bahwa iki latihanku lan bukti
roso tresnaku marang warisane nenek moyangku, yoiku boso jowo.
Mbiyen pas aku
isih kelas limo SD, aku nduwe guru (saiki wes almarhum) sing seneng banget
ngajari murid-muride honocoroko. Aku barang yo kepincut seneng. Mulo meh saben
sore bubar sekolah kae, bapake kuwi ngajari nulis huruf jowo kanthi telaten.
Tenanan iki. Kelas tambahan kuwi gratis, ora mbayar. Yo ming nyelakke wektu
sedhelo, tinimbang nggo dolanan pasar-pasaran utowo gobak sodhor utowo buron
playon, mendhing wektune nggo sinau boso jowo.
Sampek aku apal
mbiyen ki, piye nulis honocoroko, piye ale moco. Pokoke seneng banget. Bangga
dadi muride bapak guru kuwi mau.
Sampek SMP,
boso jowo isih dadi mata pelajaran mulok ‘muatan lokal’. Nah, pas iki gurune
wes bedo. Roso senengku karo huruf jowo ora koyo pas aku isih kelas limo SD.
Lha wong jaman kuwi sing dicritakke ngalor ngidul dudu honocoroko maneh. Opo
cobo petheken? Hem, bener! Meteor Garden sing ono tomingse-ne kae #halah mbuh
piye nulise tomingse sing bener aku ra ngerti# karo sakbolone sing telu.
Sakjane aku ora
pati kepincut karo sing jenengane tomingse kuwi. Aku yo arang-arang nonton kok.
Nah, mergo ra ono kancane caturan perkoro honocoroko aku yo dadi lali. Bar kuwi
males mbolan-mbaleni. Akhire mergo ning SMA wes ra ono mulok boso jowo, aku
lali tenan saiki. Pengelengku marang huruf jowo kari srawang-srawang. Jek ketok
jek ora, jek kelingan jek ora. Yen saiki dites ngono paling aku yo akeh laline.
Hahaha! Mbuh iki bocah aneh.
Aku meh ganti
takon, opo yo panjenengan ki iso nulis huruf jowo? Wah, mesti akeh sing njawab
ora iso. Iyo to? Pancen!
Perkoro toto
boso pun aku yo ra iso banget kok. Lha iki bosoku campur aduk ora nggenah.
Ngoko opo alus, wes embuh. Pokoke asal muni, asal nulis, mugo-mugo wae sing
moco mundhak paham.
Ngomong-ngomong
aku dadi nduwe kepengenan. Bubar nulis iki, ning postingan sakteruse aku pengen
nulis nganggo boso jowo maneh ah. Bakal cetho ora yo? Hem, yo tak cobone. Sopo
ngerti kemampuanku berboso jowo iki mengko dadi meningkat. Dadi ora
ngisin-isini wong tuoku yen aku iki isih asli anake wong jowo.
Eh, lha ngopo
to yen aku nulis ngene iki nganggo boso jowo? Opo ono sing terganggu? Lak ora
to? Emm, ono sih wong sing gengsi yen nulis ki nganggo boso jowo #curhat. Lha
panjenengan opo yo gengsi to? Wah, ora koyo aku yo paling. Hehehe!
Eh sedulur, aku
ora berniat rasialis lho. Eh, opo kui istilahe ngapik-apike kebudayaane dewe
kui? Bener ora istilahku? Tenanan, aku nulis iki ora ono tendensi #tendensi ki
boso jowone opo?# opo-opo. Yo mung kepengen ngeksis wae asline. Timbang lungguh
songgo uwang, mengko aku dikirani wong lagi galau coro istilahe cah-cah saiki.
#asline sih yo galau, tapi anggep wae pas nulis iki lagi normal#.
Niatku iki
mung ajar boso jowo ben ketrampilanku njowo
ki soyo apik. Sak luwihe kuwi yo etung-etung latihan nulis ben gaul #hubungane
nulis karo gaul ki yo mbuh aku ora weruh#.
Sepisan mau
asline aku meh nulis layang tresna. Jalaran aku isin yen tulisanku mbok woco,
yo uwes aku ngembyoworo tekan ngendi-endi. Rodo gengsi barang mengko yen mase
sampek ngerti aku tresno karo dhewekke. Arep nggawe puisi yo wedine nek dadi
puisi abal-abal, paling yo ra ono sing minat. Arep nggawe pantun yo pantun opo.
Mosok lagi nandang wuyung pantune pantun nasihat. Waduh, embuh nyambung opo ora
kuwi mengko. Dadi tak pikir sing paling aman yo nulis ora cetho koyo mengkene
wae.
Aku yo ora
ngerti iki mau intine opo. Kesimpulane yo simpulno dewe. Aku luwih seneng yen
bar moco iki panjenengan ‘kepekso’ ngguyu mergo ora cetho.
Sampung nggih,
Sedherek. Suwe-suwe aku isin dhewe. Dudu mergo boso jowoku sing pating
krusak-krusuk, tapi aku isin yen podho ngerti aku lagi galau. Hahaha! Pun, kulo
pamit. #nyungsep nyang selimut#
Ora popo, aku yo nek ngomong jowo kasar ala Suroboyo, neng ora iso alus.. paling ngene kuwi jamane, kromo alus wes ditinggalno..
BalasHapusDadi eling dulanan gobaksodor lan film tomingse.. hehe.. ^^
Sing penting nulis wae mbak, perkoro sing ra ngerti mboh maneh..
Huehehe, matursuwun yo wes mampir Mas wahyu.
BalasHapusiyo bener, saiki karo wong tuwo wes arang2 bocah sing nganggo kromo alus karo wong tuwo #termasuk aku :D
se gudbai tomingse, mas. Saiki tomingse wes diganti karo yong hwa n pren. ;)
Hehe, isih nulis kok!
haha Yong Hwa, nyindir blogku iki.. :D
BalasHapus:D
BalasHapus^^v
damai, mas! Sengojo. :p