13 Januari 2015

Resik! Ringkes! Merdeka!


Akhir tahun nyang awal tahun iki gaweanku mung resik-resik wae. Alesane mergo aku ora duwe kerjaan, bosen whatsapp-an lan bbm-an. Hahaha! Pancen kurang garapan. Tapi ya memang wayahe resik-resik. Ben kamare rapi, ben barange temata lan ringkes. Wingine aku resik-resik isi lemari. Terus rampung kuwi resik-resik isi laptop sing ora karu-karuan. Nganti nggawe lemot terus nggawe ati anyel.

Yen tak bandingne antarane isi lemari karo isi laptop, sampahe akeh sing endi ya? Kayane loro-lorone podho wae. Hihi! Ning sing dadi masalah sakjane dudu kuwi. Masalahe ya iku aku yen wes bongkar-bongkar ngene iki ora iso cepet ndang rampung. Mergane aku mesthi ora betah yen weruh sesuatu sing menarik. Mesthi ndadak tak woco dhisik utawa tak delengi dhisik karo tak pikir-pikir suwe, cocokke barang iki mau dibuang opo disimpen maneh. Yen dibuang sayang, yen disimpen maneh mesthi ngebak-ngebaki isi lemari utawa memori. Padahal aku seneng nyimpen sesuatu sing berkesan ning ati, utawa sing ngenehi inspirasi.

Pengen ngerti contone? Contone sing paling cedhak ya iku kalender bekas taun rongewupatbelas. Senajan kalenderku iki podho karo kalendere uwong-wong, tapi kalenderku iki unik mergo aku seneng corat-coret ning kalender kuwi nganggo tinta warna-warni. Ora usah ngganggo lampiran gambar. Mengko yen weruh coretanku, aku bakalan isin karo Optimizer kabeh. Hehe! Pokoke kalendere sampe ora cetho bentuke. Ya pancen kaya sampah, eh ya memang sampah. Tapi yen arep tak buang rasane eman-eman. Conto liyane? Emm, ya ana akeh lah. Sebagian akhire tak buang senajan ning ati rasane ora ikhlas banget. Tapi yen pancen ora penting yo kanggo opo disimpen terus.

Optimizer, rampung resik-resik aku dadi kepikiran. Apa dadine yen ati lan pikirane dhewe iki ora nate diresiki soko pikiran sing ora apik. Ya werna-werna pikiran sing ora apik kuwi. Bakalane opo ora kebak lan nutupi, dadi yen cara atine dhewe iki ibarate kaca, rupane wes burem nganti ora iso di nggo ndelok opo rupane dhewe iki ayu/bagus opo ora. Liyane ngono, sampah-sampah ning pikiran kuwi mau bakal ngabot-aboti yen awake dhewe arep berubah dadi luweh apik. Yen ngono, mumpung durung kasep aku arep resik-resik sisan. Ben atine padhang. Mlaku yo ora digandhuli pikiran aneh-aneh sing nggawe ora semangat.

Terus? Kamarku wes padhang, barangku wes ringkes, atiku wes seneng, aku siap boyongan. Hihihi!

Semangat, Optimizer! Kapan terakhir resik-resik?


2 komentar:

  1. Wes suwi aku ora resik-resik, Mbaaaak.. Hahah.. :P *sok sibuk*

    BalasHapus
    Balasan
    1. Ayo ndang diresiki, Beb. Kae lho wes kebak bledug kabeh! Mengko kamarmu dadi sarang tawon, eh
      Hayo, kowe mudheng ora iki, Beb? :p

      Hapus

Terimakasih sudah berkunjung. Mohon tinggalkan pesan jika berkenan. :)