24 September 2014

Inspirasi Soko Kenalan


Iki kaping pindhone aku mosting tulisan sing nganggo boso Jowo. Sing kaping sepisan iki (NING KENE). Tulisan iki terinspirasi soko pertemuanku karo mahasiswa asing pirang dino kepungkur.

Sakwayah aku lungguh-lungguh ning nggone Kak Rin, aku ketemu karo mahasiswa asing sing kuliah ning kampus sampinge kampusku. Aku kenalan karo mahasiswa sing jumlahe telu, banjur ngobrol ngalor ngidul nganggo boso campur-campur. Soko obrolan kuwi mau aku oleh informasi, salah siji mahasiswa, sing cewek , asale soko Filipina, siji sing lanang dhuwur banget asale soko Ceko, terus siji lanang sing rodo gondrong asale soko Meksiko.

Soko fisike aku wes ngerti menowo cah lanang loro kuwi mau dudu wong lokal. Tapi pirang dino sakdurunge aku pernah kleru, tak kiro sing cewek kuwi dudu wong asing. Soale wajahe rodo-rodo mirip karo tonggoku. Hehe! Aku lagi sadar yen dheke dudu wong Indonesia wektu dheweke ngucapne “selamat siang” nganggo logat sing aneh. Terus tak takoni asalmu ngendi, bar kuwi aku lagi paham.

Ketemu mahasiswa asing menehi inspirasi utowo bayangan kanggone aku dhewe. Bocah lanang sing soko Meksiko kuwi wektu tak takoni njupuk jurusan opo, dheweke njawab njupuk jurusan pedhalangan. Aku mbatin, “wah calon dhalang.” Tapi opo iyo yen jurusane pedhalangan terus kabeh dadi dhalang? Durung mesthi kan yo?

Lha kowe opo iso boso Jowo? Takonku. Dheke geleng-geleng karo ngguyu. Yo iyo sih, mungkin iso sithik-sithik paling yo. Wong ning kene wae dheke lagi telung minggu iki. Tapi yo aku salut, bocah kuwi durung iso boso jowo wae wani njupuk jurusan pedhalangan. Berarti cah iki mesthi nduwe kekarepan gelem sinau. Lha yo kuwi to semangat sing perlu di duweni yen durung iso?! Sinau terus, sinau maneh, ora leren-leren.

Aku dadi soyo tambah semangat sinau boso asing. Biasane yo sinau, tapi yen aku bosen biasane tak tinggal nggarap liyane. Mengko tak baleni maneh yen atiku wes longgar. Hahaha! Ketoke koyo ora niat banget yo?! Niat sih, tapi yo jenenge mood kadang teko kadang lungo. Soale aku sinaune dhewe, otodidak, dadi tuntutan ben iso kuwi mung soko aku dhewe. Akeh sih wong sing ngalami koyo aku lan berhasil. Berarti iki ora iso tak nggo alasan aku mandeg gara-gara sinau dhewe ora ono koncone kan yo?! Hemm ….

Terus sing keloro, yen aku pengen cas cis cus nganggo boso asing, ora perlu isin-isin. Soale ngene, uwong-uwong ning sekitarku iki ora mbangun lingkungan sing nggugah semangat. Aku njajal ngomong siji nganggo boso asing kuwi mau malah diguyu. Dadine kan aku isin dhewe. Yen tak terus-terusne mengko aku dikiro wong gendheng. Hahaha! “Hemm…” maneh sing kaping pindho.

Jajal to sawangen utowo gatekno. Poro turis utowo wong asing sing nyang negorone dhewe iki kan ora kabeh lancar boso Indonesia, kan awake dhewe maklum to. Mosok awake dhewe terus arep ngguyu wong ngono kuwi. Mereka yo ora isin goro-goro boso Indonesiane kurang lancar.

Inspirasi liyane maneh opo yo?

Yo iki bagian soko cita-citaku. Aku pengen banget ketemu karo native speaker boso sing tak sinauni iki. Terus aku pengen ngobrol bareng, sinau bareng, lan jalan-jalan ning negorone kono bareng-bareng. Aku pengen weruh lan mempelajari secara langsung budhaya sing ono kono, sing wektu iki mung iso tak woco lewat buku-buku karo internet.

Optimizer seneng lan lancar boso opo wae? Sugeng nindakaken sedoyo aktivitas nggih! :D




8 komentar:

  1. aku ya tau mbak diguyu pas lagi sinau ngomong nganggo basa asing, ning tak cueki wae hihihi

    keren postingane, kerep kerep wae mbak nulis nganggo basa Jawa, arang arang soale

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hihihi...kudune ngono yo, Mbak El. Toh, sing ngguyu kuwi, ngguyu mergo dheke ora iso lan ora gelem nyoba. Sip Mbak Ely iso cuek! :D

      Matursuwun, Mbak. Iki yo mergo entuk inspirasi saka dunia Ely kok mbak. Matursuwun sanget Mbak El. :)

      Hapus
  2. Aku iso tapi gur sitik-sitik.. Wkwkwk.. :P

    BalasHapus
    Balasan
    1. Lha yen maksud tulisanku iki iso mbok pahami ora, Nduk? :D

      Hapus
  3. gak ngerti bahasa jawa nih, salam kenal aja ya sob

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hehehe, maaf Mas nggak ada translatenya. Nanti takut kepanjangan.
      Salam kenal kembali. :)

      Hapus
  4. Assalaamu'alaikum wr.wb, Sophie...

    Hehehe... sukar juga menyebut perkataan-perkataan di dalam bahasa Jawa ini. Berbelit-belit lidah saya mencobanya. Ternyata hanya mereka yang fasih dan berbicara sejak awal menggunakan sesuatu bahasa sahaja bisa menguasainya dnegan baik. Namun, saya lihat apabila berlakunya perkahwinan campur dengan bangsa lain, bahasa jati sendiri sudah kian hilang dituturkan. malah ada yang hanya berbangga dengan bangsa tetapi tidak bisa bertutur dalam bahasa sendiri.

    Salam manis dari Sarikei, Sarawak.)
    SITI FATIMAH AHMAD

    BalasHapus
    Balasan
    1. Wa'alaikumsalam Kak Fatim.
      Wah, saya salut sama Kak Fatim yang mau mencoba meskipun sulit. Tapi mohon maaf tidak ada terjemahannya dalam bahasa Indonesia. Saya takut nanti membosankan bagi yang membacanya karena terlalu panjang. Hehehe! Kalimat Kakak mengingatkan saya untuk mencintai bahasa sendiri. Terimakasih. :D
      Salam hangat.

      Hapus

Terimakasih sudah berkunjung. Mohon tinggalkan pesan jika berkenan. :)